Menyang kontèn

Wikipédia:Pendhapa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 75.599 artikel

The Lord of the Rings: The War of the Rohirrim ya iku film fantasi animasi Amérika Sarékat babaran taun 2024 Sutradara Kenji Kamiyama saka skénario déning Phoebe Gittins lan Arty Papageorgiou, adhedhasar trilogi The Lord of the Rings déning J.R.R. Tolkien. Film diprodhuksi déning New Line Cinema karo Warner Bros. Animasi kanthi produksi animasi déning Sola Entertainment, The War of the Rohirrim minangka film kapitu ing séri iku sawisé trilogi live-action The Lord of the Rings lan The Hobbit, lan film animasi kapindho adhedhasar novel, sawisé The Lord of the Rings (1978). Film iki yaiku prékuel sing prastawané kadadéan 183 taun sadurungé prastawa sing digambaraké ing The Lord of the Rings: The Two Towers (2002). Film animasi iki dibintangi Brian Cox minangka Helm Hammerhand, Raja Rohan sing légendharis. Miranda Otto, mbalèni paragané minangka Éowyn saka trilogi film The Lord of the Rings.

Film iki wis diwara-warakaké ing sasi Juni 2021 lan olèhé ngambangaké iku agé supaya New Line ora kélangan kak ngadhaptasi film adhedhasar romané Tolkien.

Maca sabanjuré ...


Rupiah iku mata uang resmi Indonesia. Dikenalake ing taun 1946 nalika Revolusi Nasional Indonesia, iki dimaksudake kanggo ngganti mata uang sing diterbitake Jepang lan saingan karo dhuwit sing diterbitake Walanda ing negara kasebut. Rupiah diterbitake dening Bank Indonesia, bank sentral negara kasebut, lan dhuwit kertas lan koin-koin kasebut nampilake pahlawan nasional, tarian tradisional, lan pemandangan alam. Uang kertas siji rupiah iki, minangka bagéan saka Koleksi Numismatik Nasional Amerika Serikat, asale saka edisi pertama rupiah. Sanajan tanggal 17 Oktober 1945, dhuwit kertas kasebut sejatine ora diterbitake nganti pungkasan taun 1946. Uang kertas kasebut nggambarake presiden Indonesia Sukarno ing sisih ngarep lan gunung geni sing ngebul ing sisih mburi. Olèhé ngethok miring. Kak cipta dhuwit: Républik Indhonésia; di-scan déning Andrew Shiva.

Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 74.573 akun lan 75.599 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
  • Dinten mèngeti para suci ing agami Katulik.
  • 1520 - Selat Magelhaens, selat ing bageyan kidul Amerika Kidul kang ngubungake Samudera Pasifik lan Atlantik, kapisanan di lewati dèning Fernando de Magelhaens jroning ngumbara ngubengi donya.
  • 1755 - Gempa 9,0 Skala Richter lan tsunami lan kobongan kang diakibatake kocar-kaciré Lisboa lan newasake 60.000–100.000 wong ing Portugal lan sakubengé
  • 1821 - Panama uwal saking panjajahan Spanyol lan gabung dhumateng Kolombia. Panama dipunjajah déning Spanyol wiwit taun 1501.
  • 1918 - Amargi kawon wonten ing Perang Donya I, imperium Austria-Hongaria misahaken dhiri lan dados kalih negari kanthi pamaréntahan republik. Ing abad kaping-19 lan wiwitan abad kaping-20, imperium puniki minangka salah satunggal kakiyatan ageng ing Eropah.